SAKKAREPMU
Dewi
: iki kuburan po piye to? Kok awake dhewe koyo wonk nyekar?
(Vanya lagi moco buku, ora nggatekno omongane Dewi)
Dewi
: nya… Vanya…
eh aku duwe komik doraemon ..
Vanya : endi… endi…. Komik doraemon, aku ngampil
ndank?
Dewi
: golek’o dhewe ning toko !!!
Vanya :
lho tibak’e we mblithuk no ta??
Dewi
: (mikir dhisik). E….. he’e paling.
Ujug-ujug Yoga teko.
Vanya lan Dewi: e…..dhemit pocong, klambine
putih..
Yoga
: he? pocong? Endi? Ya Allah paringono kulo keslametan..
Vanya :
lo, awake dhewe omong opo ta?
Yoga
: enek pocong.
Avin
:
pocong e lak yo kowe ta?
Yoga
: (mikir) e……
Kabeh :
kesuen !!
Avin
: mbahas tugas-tugas wae
ya.?
Vanya lan Dewi: sakkarepmu..
Avin : tugase pak Mardianto ya?
Vanya lan Dewi: sakkarepmu..
Avin : ayo ndank lungguh ..
Yoga
: yah, kursine kurang siji..
Avin : lungguh ning ngisor kan yo gak popo.. hehe
Yoga
: tega we vin karo aku..
Avin : ga,. ga.. yoga !!!!
yoga : wis. Wis. Ayo ndang diawiti rapat e..
Avin : tugase soko Pak mardianto nggawe
drama kang temane sakkarep e awake dhewe, dadi iki mbahas temane sik ya?
Vanya,lan Dewi : sakkarepmu..
Avin : yo wis, temane kedisiplinan sekolah !!
Vanya lan Dewi: sa……
Avin :
ndang sakkarepmu neh, ndang !!
dewi
: Jah, ojo sadis sadis to..
vanya : wis. Wis . tukaran maneh…tukaran maneh.
. . temane diurutake usule, siji siji. Ndang laksanakne perintahku..
Avin : emang kowe sopo ku, ngatur ngatur
vanya : aku ora ngatur ngatur kowe, aku mung
ngandani kowe ben ora lelet lelet koyok uler keket..
Avin : ndek mau ngandani wong, nanging saiki
kok malah dipraktekne dewe
Dewi
: wis, saiki ndang teruse. Terus saiki
piye vin pendapatmu?
Avin :
sakkarepmu lah, aku wis wegah mikir
Yoga
: emang mikir opo to?
zahra : tak omongi paling we yo ra ngerti
vanya :
dasar utek lemot, di jak omongan yo ra bakalan nyantol
Dewi
: yo wes aku tak golek imajinasi sek
ning jobo (karo mlaku ning jobo)
Avin :
ke lo, arep golek imajinasi opo? Paling paling yo ra mutu
Vanya : mutu
wi opo to? Yo wes aku tak metu dhisik yo..
Vanya lan Dewi tabrakan
Dewi
: aduh, mripatmu wi ning ndi to? Nganti ora ngingeti aku ning kene
Vanya :
lha ki mripatku
Dewi
: eh konco konco, aku gung nduwe inspirasi !!!
Avin : wis tak jedek
dewi : wis… wis .. aku wae sing nentokne temane. Piye yen temane numpak
sepedha bareng.
vanya : la we wi lo, entukmu ide koyok ngono kuwi yo soko endi?
Yoga
: lha kuwi kan ideku, kok podo ya???
dewi : ya embuh ya.. Yoga … Yoga … jelas jelas
kuwi mau ideku, ngaku ngaku idemu. Paling kowe arep niru ideku.. iyo to..
Yoga
: kuwi mau ideku, opo malah kowe sing niru ideku?
dewi :
dasar lemot, jelas jelas sing muni dhisik aku. Iyo to konco konco ..
Vanya, , Avin, : he……eh….
Yoga
: he’eh kuwi iyo opo ora? muni ae ora jelas ..
vanya : tumben lemot e ilang, nyadar pisan, lak
awake dhewe iki lagi ora mutu. Ngurusi uwong sing ngomong e ra penting, nganti
nggawe kupingku panas
Yoga
: kupingmu panas Jah?? Cepet…cepet.. golek kipas selak Vanya kepanasen
dewi : lagek bar di omong lemot e ilang, e tiba’e ora ilang
malah tambah.. kuwi berarti kowe sing nurun ideku. Ora maleh aku sing nurun
idemu. Dasar utek lemot.
Avin : uwes..uwes.. ket mau tukaran wae
Vanya :
piye nek temane oyok oyok an gawe ide
Dewi
: tumben we pinter..
Vanya :
yo iyo.. we opo lagek ngerti nek aku pinter
Avin : la saiki wis eruh ta temane opo, dadi
rapat tahunan iki dibubarne wae.
Vanya, Dewi: yo, sakkarepmu wae..
Yoga : aku
melu ya, we arep ning ndi.. ?
Vanya : la kowe
arep ning ndi to wi..?
Dewi : ayo ndang mlaku, pikir ngko wae..
Avin :
aneh….yoga, ayo ning perpustakaan?
yoga : ayo, aku yo arep golek buku pepak basa
jawa
vanya lan dewi
: nteni o…. aku melu ya????
Avin lan Yoga :
ayo. . .
:: selesai